11/30/2022

Latihan Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Gasal Bahasa Jawa Kelas 3 SD/ MI Tahun Pelajaran 2022/ 2023

Salam. Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet. Posting ini akan saya khususkan untuk latihan soal menghadapi Sumatif Akhir Semester (SAS)/ Penilaian Akhir Semester (PAS) atau Asesmen Akhir Semester  Ganjil untuk mapel Bahasa Jawa Kelas 3 SD/ MI Tahun Pelajaran 2022/ 2023

Latihan soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil/ Gasal Bahasa Jawa Kelas 3 SD/ MI Tahun Pelajaran 2022/ 2023 terdiri dari 25 soal pilihan ganda, 10 soal isian dan 5 soal uraian lengkap dengan kunci jawaban dan pembahasannya untuk memudahkan dalam belajar. 

Untuk materi Bahasa Jawa semester ganjil, terdiri atas tema 1 Budi Pekerti, Tema 2 Kepahlawanan, Tema 3, Gotong Royong dan Tema 4 Kebudayaan. Semoga soal- soal di bawah dapat merepresentasikan dari semua materi tersebut. 

Photo by corina ardeleanu on Unsplash

Baik, langsung saja yaa, berikut latihan soalnya. Jangan lupa bagikan bila bermanfaat.

Selamat Berlatih dan Semoga bermanfaat.

=====================================================================================
Latihan Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Gasal Bahasa Jawa Kelas 3 SD/ MI Tahun Pelajaran 2022/ 2023

Wacanen kanthi setiti kanggo pitakonan nomer 1 -6
Pandhawa kuwi cacahe ana lima. Sing mbarep Yudhistira, banjur Bima, panengahe Harjuna, banjur Nakula lan Sadhewa. Pandhawa kuwi putrane Prabu Pandhu Dewanata. Yudhistira, Bima lan Harjuna lair saka Ibu Kunthi Talibrata. Dene Nakula lan Sadewa lair saka Ibu Dewi Madrim.
Yudhistira ratu ing Ngamarta, duwe watak wicaksana demen ngalah. Yudistira duwe watak sing luhur, prasasat ora nate dora marang sapadha - padha. Yudhistira duwe pusaka, yaiku Jamuskalimasada.
Bima satriya ing Jodhipati, duwe watak kendel mbelani bebener. Gamane aran gadha Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Senajan digdaya tanpa tandhing, Bima duwe watak becik.
Harjuna satriya ing Madukara, duwe watak seneng tetulung. Pusakane Panah Pasopati. Kasekten Harjuna sing ora bisa katandhingan yaiku kaprigelane nganggo panah. Harjuna kuwi prasasat ora nate mleset anggone manah. Harjuna uga duwe jeneng liya yaiku Raden Dananjaya.
Nakula lan sadewa kuwi kembar. Nalika Nakula lan Sadewa isih cilik, Dewi Madrim wis kapundhut Sang Hyang Widhi mula kekarone banjur karengkuh dening Dewi Kunthi. Nakula lan Sadewa duwe watak miturut lan seneng sabiyantu marang kakang- kakange. Lelorone uga duwe kaprigelan yaiku pinter nganggo pedhang nalika ing paprangan. Nakula satriya ing Bumi Retawu. Dheweke duwe watak ora seneng nyampuri urusane wong liya. Dene Sadewa satriya ing Sawojajar, duwe watak padha karo Nakula amarga sedulur kembar.
Nalika perang Bharatayudha, Pandhawa menang mungsuh Kurawa, amarga Pandhawa pancen sneng nggondheli bebener. Mula saka Gusti Sing Mahakuasa diparingi pengayoman. 

Sumber ; Buku Paket Remen Basa Jawi Erlangga kelas 3 SD/ MI halaman 3 - 4

1. Ing ngisor iki putrane Prabu Pandhu Dewanata  yaiku ....
a. Duryodana
b. Harjuno
c. Dursasana


2. Putrane Dewi Kunthi karo Prabu Pandhu Dewanata yaiku.....
a. Nakula
b. Sadewa
c. Yudhistira


3. Pandhawa lima sing duweni watak wicaksana, demen ngalah, luhur, prasasat ora nate dora marang sapadha - padha yaiku ....
a. Harjuna
b. Yudhistira
c. Bima


4. Harjuna satriya ing ....
a. Ngamarta
b. Jodhipati
c. Madukara


5. Tokoh keluarga pandhawa sing bungsu yaiku ....
a. Arjuna
b. Bima
c. Nakula Sadewa


6. Apa sebabe diarani Pandhawa?
a. watake becik
b. cacahe ono limo
c. duweni rupo sing podho


Wacanen kanthi setiti kanggo pitakonan nomer 7 - 10
Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Ki Hajar Dewantara kagungan asma asli Raden Mas Suwardi Suryaningrat, lair saking keluargi bangsawan ngayogyakarta. 
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara kalebet sae nasibipun, awit saged dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun namataken sekolah dasar wonten ELS (Europeesche Lagere School), saha saged nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran STOVIA (School tot Opleiding van Indische Artsen) ananging mboten ngantos tamat, awit panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-warni serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan Walanda.
Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal inggih menika sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing Taman Siswa inggih punika:
- Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
- Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
- Tut wuri handayani (wonten wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados Menteri Pendhidhikan, Pengajaran, saha Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas Gajah Mada. Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April 1959 Ki Hajar Dewantara seda, lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28 November 1959 lumantar serat keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten pendhidhikan nasional.

Sumber text : http://annisanurbaiti10.blogspot.com/

7. Jeneng asli Ki Hajar Dewantara nalika isih cilik ....
a. Radeng Ngabehi Suryaningrat
b. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
c. Tjipto Mangoenkusuma 


8. Jenenge sekolahan sing dipandegani dening Ki Hajar Dewantara yaiku ....
a. Sekolah Ki Hajar Dewantoro
b. Sekolah Kartini
c. Taman Siswa


9. Cacahe sesanti KI Hajar Dewantoro kang kawentar yaiku ....
a. 1
b. 2
c. 3


10. Kanggo ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan nasional, dino pendhidhikan nasional dipengeti saben tanggal ....
a. 1 Mei 
b. 2 Mei
c. 28 November


Wacanen kanthi setiti kanggo pitakonan nomer 11 - 12
Pertempuran gangsal dinten wonten semarang inggih punika peristiwa bersejarah pertempuran antawis rakyat indonesia nglawan tentara jepang wonten semarang. Pertempuran menika kedados salami gangsal dinten saking tanggal 15-20 oktober 1945 ing masa transisi kekuwaosan jepang dhateng walandi. Kagem mengeti peristiwa kasebat , dibangunlah monumen Tugu Muda ingkang papan wonten bundaran Jalan Pemuda, Jalan Imam Bonjol, lan jalan MGR Soegijapranata. 
Tugu menika lajeng dados pangemut lan penghargaan dumigi perjuangan para nem-neman lebeting peristiwa heroik pertempuran gangsal dinten wonten semarang.

11. Pertempuran limang dina ing semarang kedadeyan ing tanggal ....
a. 15- 20 Oktober 1945
b. 5- 10 Oktober 1945
c. 3 -20 Oktober 1945


12. Jeneng monumen kanggo mengeti pertempuran limang dina ing semarang yaiku ....
a. Tugu Pahlawan
b. Tugu Monas
c. Tugu Muda


13. Wacanen kanthi setiti
Padha Rukun

Padha Rukun gotong royong nyambut gawe
Anata ruwangan kelas enggal paripurna
Yo ayo nyapu yo ayo resik resik
Yo ayo geser yo ayo rapi

Padha rukun gotong royong nyambut gawe
Anambak samodra nyata enggal paripurna
Yo ayo ayo hing yo ayo ayo hing
Yo ayo ayo hing yo ayo ayo hya


13. Paripurna tegese ....
a. sawiji
b. mulai
c. rampung


Wacanen kanthi setiti kanggo pitakonan nomer 14 - 17
Gotong royong kuwi budaya nyambut gawe bebarengan. Kabeh melu tumandang linandesan ati seneng. Mula gotong royong kuwi gedhe banget paedahe. Pagawean dadi entheng, asile gawean bisa luwih apik, tur bisa luwih cepet rampung. Kabeh kuwi mau bisa kagayuh amarga kabeh wong padha melu nyengkuyung pagawean.

sumber : Buku Paket Remen Basa Jawi Erlangga kelas 3 SD/ MI

14. Sikap sing kudu nglandesi budaya nyambut gawe bebarengan yaiku .... 
a. ati susah
b. ati seneng
c. ati kepekso


15. Gawean dadi enggal rampung amargo dilakoni kanthi ....
a. ora rukun
b. bebarengan
c. dhewean


16. Swasana sing iso gambarake gotong royong yaiku ....
a. kabeh wong melu tumandang kanthi ati seneng
b. gaweane ora rampung rampung
c. kabeh wong padha kerjo dhewe- dhewe


17. Ing ngisor iki kang ora kalebu manfaat gotong royong yaiku ....
a. gawean enggal rampung
b. asile gawean luwih apik
c. pagawean dadi abot


18. Bapak lagi maca koran.
Bahasa krama sing bener yaiku .... 
a. Bapak nembe maca koran
b. Bapak lagi maos koran
c. Bapak nembe maos koran


19. Yen ngomong karo wong tuwa kudu nggunakake basa ....
a. ngoko
b. krama
c. kasar


20. yen ditulis latin dadi ....
a. rata
b. rawa
c. rasa


21. Tulisan aksara jawa  diwaca ....
a. la
b. wa
c. ha


22. Tulisan aksara Jawa "ga" yaiku ....
a. 



b. 

c. 



23. Cacahe huruf aksara Jawa yaiku ....
a. 25
b. 20
c. 15


24. "Ana kaca dawa" yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....
a. 

b. 

c. 



25. Tulisan aksara jawa  diwaca ....
a. saka kan
b. ana dara
c. lara apa


Lanjut ke soal berikutnya yaa untuk soal isian dan uraian >>>>> Halaman 2

No comments:

Post a Comment