12/05/2023

Latihan Soal Asesmen Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Kurikulum Merdeka Tahun 2023/ 2024

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil untuk mapel Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Kurikulum Merdeka .

Gambar oleh Kranich17 dari Pixabay

Latihan Soal Asesmen Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Kurikulum Merdeka Tahun 2023/ 2024 terdiri dari 20 soal isian lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.

Baik, berikut latihan soalnya,

Latihan Soal Asesmen Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Kurikulum Merdeka Tahun 2023/ 2024

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi permati!

Pepeling 
(dening Sendang Mulyono)

Aku ngugemi ngendikamu Ibu
Nalika arep budhal sekolah 
Nyangkong tas kebak buku 
Ngger ngendikane para pujangga wasis
Ngelmu iku kalakone kanthi laku 
Lekase lawan kas
Tegese kas ngantosani 
Setya budya pengekese dur angkara 
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pedhot sinau 
Dadia wong pinter nanging 
Aja sumugih 
Dadia petinggi nanging 
Aja ngapusi lan korupsi 

1. Geguritan ing dhuwur nggambarake ....
a. babagan ilmu kang kalakoni kanthi laku 
b. siswa kang patuh lan percaya marang ibune 
c. wong sugih nanging sumugih 
d. siswa kang adigang adigung adiguno 


2. Geguritan "Pepeling " iku ngusung tema babagan ....
a. kejujuran 
b. ekonomi 
c. pendhidhikan 
d. kabudayan 


3. Tembung pepeling tegese ....
a. wejangan 
b. perlu dieling 
c. pangajap 
d. pasinaon 


4. Geguritan kuno duwe ciri yaiku ....
a. tanpa tembung sun gegurit 
b. cacahe wanda ora digatekake 
c. cacahe wanda saben gatra padha 
d. tibane swara bebas 


5. Geguritan utawa puisi modern iku rumpakan kang ngenelake tembung mantes lan ....
a. basa kang endah 
b. tulisan apik 
c. basane krama 
d. isine jujur 


6. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, pratelan kang kudu digatekake yaiku .... (jawaban luwih saka siji)
a. mangertani isi lan karepe geguritan kasubut banjur dilaksanaake 
b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane 
c. gladen maca geguritan kanthi sakbanter- bantere 
d. bisa mragaake kanthi ekspresi sing trep


7. Ing ngisor iki kang kalebu geguritan anyar yaiku .... (jawaban luwih saka siji)
a. tibaning swara (guru lagu) kudu runtut 
b. cacahe gatra ora digatekake 
c. mentingke pamilihan tembung kang mantes 
d. tibane swara bebas 



Wacanen kanti setiti cerita ana ing ngisor iki 

Yudhistira, Ratu Satriya Sing Ora Bisa Perang 

Pertang Bharatayudha wis dumadi, prajurit Pandhawa lan Kurawa wis adhep- adhepan ing Tegal Kurusetra, panggonan sing dianggo ajang perang. Kurawa wis natepake prabu Salya pinangka senapati agung kang mimpin. Pandhawa bingung lan goreh atine, marga prabu Salya iku isih kapernah tuwa utawa pakdhene dewe., nanging awit saka arahane prabu Kresna akhire diputusake Prabu Yudhistira maju ngimbangi prabu Salya pinangka senopati.

Ing paprangan Prabu Salya kaget, saka kadohan dheweke weruh ono cahaya sumorot padhang, nalika dicedhaki jebul cahaya iku asale saka awake prabu Yudhistira. Sakal Prabu Salya ileng, menawi iki wancine dheweke bakal bali menyang swarga.

Merga wis ngerti, Prabu Salya banjur ngrapal aji- ajine, yaitu Candra Birawa, bajang akeh banget. Buto- buto cilik iku banjur ngrebut lan nuyokoti Yudhistira. Nanging bareng ngerti menawa Yudhistira iku getihe putih, buto- buto iku banjur nunggal jiwo karo Yudhistira. Prabu Salya gugur ana ing paprangan.

8. Prajurit Pandhawa lan Kurawa anggone perang ana ing ....
a. Tegal Karangsetra 
b. Tegal Kurusetra 
c. Tegal Karangsetral 
d. tegal Karangseta 


9. Senopati saka Pandhawa yaiku ....
a. Prabu Kresna 
b. Prabu Salya 
c. Prabu Yudhistira 
d. Prabu Duryudana 


10. Para Pandhawa padha goreh atine amarga ....
a. senopati sing maju iku ratu sekti banget 
b. senopati Astina seng maju iku pinter perang 
c. senopati Astina sing maju iku pakdhene dhewe 
d. senopati Astine sing maju iku sejatine bapane dewe 


11. Prabu Salya dadi senapatine prajurit Astina, tegese Prabu Salya ....
a. siyap maju perang 
b. siap mungsuh Pandhawa 
c. mimpin prajurit Astina 
d. siyap ngleburake Pandhawa 


12. Watake Yudhistira yaiku .... (jawaban luwih saka siji)
a. seneng gelut 
b. sabar lan nrima 
c. grusa grusu 
d. jujur 


Wacanen kanti setiti cerita ana ing ngisor iki

Tradisi Rasulan 

Tradisi Rasulan utawa bersih desa uga diarani merdi dhusun nganti tekan saiki isih tetap dilestarekake dening masyarakat ing Gunung Kidul. Acara kasebut dianakake saben tahun sepisan sakbubare mangsa panen. Rerangken acara Rasulan ana kang diadani kanthi gedhen- gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Kang baku wis kacukup kebutuhan utawa perlune. Maneka warna kesenian tradisional lumrahe digelarake ing adicara Rasulan mau. Kayata reog, dhogeran, jathilan, wayang kulit, campursari lan liya liyane. 

Masyarakat tumplek bleg melu ambyur ngrengekake rasulan. Sakwarbhane jenis panganan melu dicaweske kanggo ngramekake tumekane acara Rasulan. Rasulan ditindakake duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwaos amarga saksuwene setahun kepungkur wis diparingi kesarasan, keslametan, rejeki, sarta diparingi asil panen kang murakabi.

13. Tradisi rasulan dianaake ana ing tlatah ....
a. Ngayogyakarto 
b. Surakarta
c. Gunung Kidul 
d. Semarang 


14. Rerangken acara rasulan ana kang diadani kanthi gedhen- gedhenana, ana uga kang mung prasaja. Tembung prasaja tegese ....
a. sak anane 
b. gedhen- gedhenan 
c. katon moncer 
d. rame


15. Tradisi rasulan dianakake saben ....
a. dino 
b. sasi 
c. selapan 
d. tahun 


16. Masyarakat tumplek blek melu ambyur ... rasulan. Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing sisih kiwa adhedasar wacan ing dhuwur yaiku ....
a. ngramekake 
b. ngregengake 
c. ngrusak 
d. ngrenggakake 


17. Ing ngisor iki tujuane nglestarikake tradisi nyadran yaiku .... (jawaban luwih saka siji)
a. dongaake para leluhur sing wis tilar dunya
b. menehi pepeling sakjane manungso kabeh bakale tilar dunyo 
c. rame- rame ing pasarean 
d. nglestarikake budaya guyup rukun 


18. Upacara mitoni uga diarani ....
a. sekaten 
b. rasulan 
c. nyadran 
d. tingkepan 


19. Dugdheran ing Semarang iku tradisi kanggo mapak sasi ....
a. syawal 
b. poso 
c. suro
d. maulud


20. Sandhangan pepet ing aksara jawa unine ....
a. e 
b. i 
c. u 
d. o 


Demikian Latihan Soal Asesmen Sumatif Akhir Semester (SAS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Kurikulum Merdeka Tahun 2023/ 2024. Semoga memudahkan teman - teman dalam belajar mapel Bahasa Jawa untuk menghadapi SAS kelas 4 SD/ MI mendatang. 

Semoga Bermanfaat

Salam. 

No comments:

Post a Comment