10/24/2023

Tembung Entar Bahasa Jawa, Pengertian, Contoh dan Artinya

Tembung entar dalam bahasa jawa didefinisikan sebagai suatu kata yang memiliki makna kiasan. Kata tersebut memiliki arti yang tidak sama seperti kata sebenarnya. Tembung entar banyak ditemukan dalam komunikasi sehari - hari dan salah satu tujuannya adalah memberikan suatu sindiran yang halus kepada orang lain. 

Photo by Jonas Jacobsson on Unsplas

Berikut ini beberapa contoh yang termasuk tembung entar dan artinya. 

A
 Tembung Entar Artine
 abang kupinge nesu banget
 abang- abang lambe ora temenanan, mung lelamisan
 abang raine nandhang isin (wirang)
 adol ayu ngendelake ayune
 adol bagus ngendelake baguse
 adol kringet nyambut gawe
 adol kwanen ngandelake kwanene
 adol krungon golek- golek warta/ kabar
 adol sendhe adol barang menyang gadhen
 adol umuk akeh omonge
 adus getih tatune nemen banget
 adus kringet nemen anggone nangis
 akeh sandhungane akeh alangane
 ala jenenge kurang dipercaya
 ala tembunge tembunge kasar
 alus tembunge kepenak dirungokake
 amba jangkahe isa usaha mrana- mrana
 apus krama dibujuki
 asor budine bebudine apik
 asor yudane kalah
 ati dhondhong atine ala
 atine ana wulune atine ala
 

B
Tembung Entar Artine
 balang liring nglirik mripate
 bau suku abdi/ batur
 bau tengen wong kang dipercaya
 bening atine sumeh
 buang sangkal ngilangi/ buang apes
 bukak wadi ngandhaake wewadine
 buang tilas nutupi tumidake kang ala

C. 
 Tembung Entar Artine
 cagak urip kanggo nyukupi kebutuhan urip
 cancut taliwanda tandang gawe
 cangkem gatel seneng ngrasani
 cendhak umure gelis mati
 cepak jodhone gelis oleh jodho
 cepak rejekine gampang oleh rejeki
 cilik atine kuwatir/ wedian
 cupet atine gampang nesu
 cupet budine ora bisa nggayuh kautaman
 cupet jangkahe ora bisa nggolek sarana
 cupet nalare ora bisa mikirke werna- werna
 cupet pangedel ora percaya


D. 
 Tembung Entar Artine
 dadi gawe ngrepotake
 dawa- dawa ula perkara kang ora uwis- uwis
 dawa tangane seneng nyolong
 dhedher kautaman golek kebecikan
 dhuwur atine gumedhe
 dhuwur pangkate dadi wong pangkat

E. 

 Tembung Entar Artine
 empuk rembuge guneme enak dirungokake
 entek atine kaweden
 entheng sanggane ora rekasa
 entheng tangane seneng tandang gawe



G
 Tembung Entar Artine
 gadho ati gawe susah ati
 gantung kepuh sandhangane ora tau ganti
 gantung untu selak kepengin mangan
 gedhe atine tatag
 gedhe endhase sombong
 gedhe omongane umuk
 gedhe tekade ora gampang pasrah
 nggedheake puluk ora ana prihatine
 gegem tangan kesed nyambut gawe
 gilig rembuge rembugane pasti
 gilud kawruh golek ilmu kanthi mempeng
 golek slamet ati- ati supaya ora cilaka
 golek urip nyambut gawe kanggo nyukupi butuhe

I
Tembung Entar Artine
 idu geni omongane tansah kelakon
 ilat mati ora bisa ngrasakake
 ilang klilipe ilang musuhe

J.

 Tembung Entar Artine
 jaka lara rikala nome rekasa
 jembar dhdhane sugih pangapura
 jembar kawruhe akeh ilmune
 jembar kubure mlebu swarga
 jembar polatane sumringah
 jembar segarane sugih pangapura
 jero kawruhe akeh ilmune, pinter

K. 
Tembung Entar Artine
 kadalu warsa kasep
 kandel kulite digdaya
 kandel kupinge ora nggugu pitutur
 kaku atine tansah ora sarujuk
 kasar tembunge tembunge saru
 katon dhadane wani adu arep
 kegugah atine sadar
 kelepetan ala katut ala
 kembang lambe tansah digunem kebecikane
 kakehan tangan kakean sing nyandhak
 kembangane urip lelakone urip kang werna- werna
 kena tinenga- tenga kena disambati
 kencang karepe kekarepane kudu keturutan
 kenceng tekade tekade ora bakal mundur
 kulak warta golek kabar

L
Tembung Entar Artine
 lambe tipis akeh omonge
 landhep dengkul kethul banget
 landhep pikirane pinter
 lara ati serik atine
 lara ayu lara cacar
 lara owah edan
 larang pangan paceklik
 lobok atine sabar
 luhur budine kelakuane becik
 luhur drajate dadi wong pangkat
 lurus lakune jujur
 lumah tangan ora gelem cawe- cawe
 lunyu ilate guneme mencla-mencle

M
 Tembung Entar Artine
 manis eseme eseme ngresepake ati
 manis rembuge guneme nyenengke ati
 mara tangan seneng gawe lara
 masa bodhoa pasrah
 mata duwiten srakah amarga duwit
 mata loro mangro tingal
 mateni pangane gawe ilang panguripane
 mateng kawruhe mumpuni
 mateng rembuge guneme wis disarujuke
 mati sandhang pangan ilang dalan golek pangan
 mati raga prihatin, tapa, tirakat
 medhot dalan ora diterusake
 metani lupute nggoleki kesalahane
 meres kringet nyambut gawe mempeng
 meres pikir temenan anggone mikirake
 mogel ilate mangan sing sarwa enak
 mogol sinaune ora tutug sekolahe
 murang tata kurang ajar



N.
 Tembung Entar Artine
 nandhang sungkawa lagi susah
 nandur kabecikan gawe kabecikan
 ngadu wuleding kulit adu kekuwatan
 ngangsu kawruh golek ilmu
 ngatonake siyunge nuduhake kekuwatane
 ngatonake dhadane umuk
 ngekep dengkul nganggur ora nyambut gawe
 ngendhaleni hawa napsu nyegah kekarepan ala
 ngepuh kringet nyambut gawe mempeng
 ngemut driji ora oleh apa- apa
 nyolok mata ketara banget
 

O
 Tembung Entar Artine
 oleh ati disenengi
 oleh gawe kelaksanan
 oleh wirang kisinan
 oleh lara kalaran
 ora duwe ati kuwatir banget
 ora melek ora ngerti
 ora ngundhuh ora oleh apa- apa

P
 Tembung Entar Artine
 padhang dalane mlebu swarga
 padhang hawa lair ing donya
 padhang langite seneng
 padhang pikire lega/ seneng
 padhang ulate sumeh
 pait getir urip warna- warna lelakone urip
 pait lelakone uripe rekasa
 panas atine nesu banget
 pecah pamore wis ngancik diwasa
 pecah pikire wiwit bisa golek srana
 pedhes rembuge guneme gawes erik
 perih atine nesu banget
 peteng atine susah
 pulih getih ora kalah ora menang
 pingget atine serik
 puput yuswa mati, seda
 

R
 Tembung Entar Artine
 rai gedheg ora duwe isin
 rengga praja njaga negara
 rengga salira dandan/ macak
 runtuh atine tuwuh welase
 rupak atine cugetan
 rupak jagade judheg

S
 Tembung Entar Artine
 sabuk gelang sawahe akeh
 sepi kawruh bodho
 sepi pamrih ora duwe pamrih
 seret rejekine ora gampang golek rejeki
 sesak dhadane mangkel
 sumpeg atine sudah

T
 Tembung Entar Artine
 tadhah kalamangsa dipangan
 tadhah udan lirangan gedhang dhuwur dewe
 tatu atine serik banget
 tanpa tilas entek blas
 tipis lambene criwis
 thukul pikire nduwe akal

U
 Tembung Entar Artine
 udan tangis akeh sing padha nangis
 ulat peteng katon nesu
 ulat manis sumeh
 utang lara tau nggawe larane wong liya
 utang nyawa tau nggawe patine wong liya
 utang wirang tau nggawe wirange wong liya

W
 Tembung Entar Artine
 walang ati sumelang
 wani mati nekad
 wani silit wedi rai ora wani terang- terangan
 weteng kadut ora tampikan, dremba
 weteng karet panganane akeh
 wedi getih jirih

Itulah tentang tembung entar, pengertian dan contoh serta artinya. Semoga materi ini berguna buat teman- teman yang sedang mencari tembung entar, contoh- contoh dan artinya. Nantikan posting- posting kami tentang materi pembelajaran pada tulisan berikutnya. Follow blog kami dan support kami melalui channel YouTube kami. 

Semoga bermanfaat. 





No comments:

Post a Comment